Sabtu, 20 Juni 2020

OPO TUMON : Hobi Nonton Wayang Goro-Goro CORONA



Goro-Goro wabah covid 19 ( Corona),aku duwe hobi anyar nonton wayang kulit (ringgit wacucal).Lha kok bisa....? Lha piye social distance nganggo tag #dirumahsaja#,kabeh kegiatan diwatesi ora oleh ngumpul rame-rame,jaga jarak,cuci tangan kanggo kebersihan ora ketinggalan nganggo masker menawa metu.

Pemerintah mrentahke kerja,sekolah,kuliah kegiatan ekonomi serba online tujuane kanggo jogo penyebaran tambah akeh.Mulane meng rong sasi iki nang ngomah terus,kepeksa metu menawa ana keperluan sing wigati.Kanggo ngisi kegiatan paling nonton TV apaa sosial media.Acara TV isine berita Corona terus karo sinetron ulangan suwe-suwe bosen.

Nonton acara TV Jogja "Pendopo Kang Tejo",bintang tamune Sinden Milineal  aku dadi penasaran.Aku  wis suwe banget ora nonton wayang kulit mulane kurang paham sopo dalang apa sinden sing lagi ngetop saiki.Bukak yotube jebul sinden milineal "Elisa Orcarus" saiki lagi viral banget.Adegan Limbukan apa goro-goro ngebaki video  pulahan chanel  dalang Seno Nugroho bareng sinden Elisa.Malahan sering oleh tanggapan dewe apa dadi bintang tamu dalang liyane.

Goro-goro sering nonton dadi nyandu apa maneh ora bosen-bosen krungu banyolane Dalang Seno karo Elisa .Sakliyane bisa nyinden,dalang(lulusan S1 saka ISI),joged,apa nglucu bahasa jowone ping pecotot.Maklum dudu wong jowo,kandane asale simboke soko (LAMBELU),bapake (TOLITOLI),Sulawesi.Malahan asal usule wong tuwane sering banget dadi bahan dagelan sing gawe ger-geran penonton.

Suarane Elisa apa bahasa jawane pas nembang beda banget karo limbukan.Apa  kuwi setingan ...? Mbuh kuwi rahasiane Dalange sing cetho penonton puas.Keluwihan Ki Seno pinter gawe umpan balik Elisane cepet tanggap mulane nalika limbukan apa goro-goro lancar banget dadi klop pasangan duet maut.Apa jmaneh oleh sebutan sinden melenial pancen sakliyane cerdas (lulusan dalang ISI lan S2 Psikologi),tampilane masa kini keluwihane seneng budaya jawa,utamane wayang kulit.*

Saiki aku malah dadi pelanggan chanel Dalang Seno uga vlog sinden Elisa.Dadi menawa ana postingan anyar ora ketinggalan.Nalika Dalang Seno Nugraha golek dana kanggo mbantu nanggulangi covid 19 (CORONA) sarana gelar wayang climent aku yo melu streming.Senajan ora komplit sinden mung 2, wiyaga 6 tapi tetep gayeng senajan durasine mung 3 jam.*

Sakliyane Ki Seno sering nonton dalang soko tlatah liyane Dalang sako banyumasan (bahasa ngapak),Dalang Solo apa soko jawa timur.Saiki nembe ngerti jebul saben wilayah duwe pakem dewe-dewe.Penononton wayang saiki dadi kaangkat maneh ora mung kalangan tuwo tapi cah enom yo akeh,malah bocah cilik apa wanita akeh sing seneng
wayang.

Menawa maca komentare video penggemar wayang saka tlatah nuswantara.Malah ora sitik soko luar negri podo seneng kebudayaan Indonesia khususe pagelaran wayang kulit.Tanggapan Dalang yo ora mung nang pulau jawa,Dalang Seno lan liyane sering di tanggap luar jawa.

Nganti wektu saiki senajan covid 19 mulai suda nanging isih "NEW NORMAL", pagelaran wayang kulit durung bisa tampil.Pungkusan pas Ki Seno wayang bareng Elisa mengeti dina kelahiran PANCASILA, nanging sajake penonton umum  durung bisa teko.

Bareng sering nonton wayang kulit aku mulai kenal sinden-sinden sing terkenal.Sakliyane Elisa Orcarus sindene Dalang Seno liyane ana Tatin,Ayu,Anting,Bu prastiwi,Agnes.Sinden ngapak ana Bu Ciblek,Lian Sindu Soko Kebumen( inyong yo wong Gombong-Kebumen) jawa timur malah muncul sinden-sinden cilik duwe bakat luar biasa kaya Lintang Kairo,Niken Salindri,Umi Hafifah.

Muga-Muga wabah Covid 19 enggal lunga saka bumi Indonesia,kahanan dadi Normal maneh.Kegiatan ngumpul bareng bisa nonton pagelaran wayang kulit maneh.Sing mesti aku kepingin nonton live dalang Seno duet karo sinden viral "ELISA ORCARUS".

Salam budaya jawa...!